Miss YOU ‼️ : Masa Cilik Ora Tau Ilang…
Jakarta, Masa cilik sejatiné ora tau tenan ilang…
mung ndhelik ana ing lorong wektu,
ana garis kapur dolanan neng ngarep gang,
ana sandal jepit kebak bledug,
lan ana swara ngguyu polos sing saiki wiwit angel ditemokké.

Pagi Jum’at iki…
ayo sedhela wae ngelingi kenangan lawas sing biyen “ngopyur ambyar” neng ati.
Sebab urip dudu mung soal sapa sing paling sugih nalika diwasa,
nanging sapa sing biyen isa bahagia mung nganggo dolanan sederhana neng pinggir dalan kampung.
Foto bocah-bocah cilik iki kaya dadi pangeling:
biyen donya krasa amba…
senajan mung sejengkal jalan kampung.
Ora ana gengsi.
Ora ana pencitraan.
Sing ana mung paseduluran, tawa polos,
lan mimpi-mimpi sing durung dipatahké keadaan.
Nanging sakwise diwasa…
kok yo urip malah kebak “perintah”?
Neng kantor, neng sudut ruangan,
ngarep, tengen, kiwa…
kabeh kadang mung kaya dolanan versi diwasa.
Ana sing umpat-umpatan.
Ana sing tali-temali kepentingan.
Ana sing pura-pura sibuk ben katon kerja.
Malah kadhang “kunker” wae dadi panggung permainan anyar.
Petak umpet jaman cilik…
saiki berubah dadi petak umpet jabatan, pencitraan, lan topeng sosial.
Ngakune “S L I — happy fun sambil kerja”,
nanging atiné kesel, pikirane mumet,
lan senyumé mung formalitas kamera.
Media sosial saiki yo podo wae…
urip kudu didandani ben katon apik.
Sedikit berubah langsung dadi bahan ledekan.
Diperingatké ora gelem ngerti,
nanging nek wis kejadian…
baru sadar lan nyesel.
Kena deh…
Sing biyen polos, saiki dadi perbal.
Sing biyen jujur, saiki sinau kamuflase.
Sing biyen tangi esuk semangat,
saiki malah “metuk isuk nyambi mantuk”.
Ujung-ujungé…
damelan tempo dulu pelan-pelan kegerus banyu urip,
ngalir neng rai-rai manusia sing wis kebak baluran pencitraan.
Padahal…
jujur lan disiplin wektu cilik kuwi asli murni.
Ora ana setting-an.
Ora ana drama sosial.
Mugo wae…
nalika siji ilang, isih ketemu liyané sing tulus.
Sebab urip saiki kebak kamuflase style lan topeng zaman.
Foto-foto lawas neng tembok omah kadang dadi saksi:
wajah boleh berubah,
umur boleh nambah,
nanging kelucuan masa cilik ora bakal isa dibantah.
Sampai akhirat mungkin…
nalika malaikat takon uripmu biyen piye,
sing paling ngangenké justru wektu nalika isa ngguyu bareng tanpa kepentingan apa-apa.
Bulan Mei iki…
kadang nggawe wong milih meneng sedhela.
Mung ndelok foto-foto lawas sing nempel neng dinding kenangan.
Akhiré VIRAL…
dudu merga terkenal,
nanging merga ati tiba-tiba kangen masa sing ora iso dibalekké.
Nanging elinga wae…
saiki waktune “ngeduki sing JOGO”,
jogo diri,
jogo hati,
jogo omongan,
lan jogo perisai uripmu dhewe.
Sebab dunia saiki ora kaya dolanan cilik biyen.
Rd. Rani Auliani
Redaksi | 28 Mei 2026
